Geguritan kang isine pangalembana marang wong liya, negara, apadene kang dianggep luhur, diarani

GEGURITANTegese geguritan  Geguritan saka tembung lingga „gurita‟ yaiku owah-owahan saka tembung „gerita‟. Dene tembung „gerita‟ iku saka tembung lingga „gita‟ kang nduweni teges tembang utawa syair.  Geguritan iku saka tembung lingga „gurit‟ kang nduweni teges tembang, kidung, syair.  Miturut kamus, geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg.  Miturut Raminah Baribin (2005) geguritan iku iketaning basa kaya dene syair. Mula saperangan pawongan ana kang ngarani utawa nyebut syair Jawa gagrag anyar.Saka maneka teges geguritan ing dhuwur bisa kajupuk dudutane (kesimpulane), geguritan yaiku wohingkasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa nganggo paugeran/pathokan tartamtu. Geguritan kuwiora ditembangake nanging diwaca nganggo wirama, wirasa lan wiraga manut surasane.Geguritan kaperang dadi loro:1. Geguritan tradisional kuwi geguritan nganggo paugeran-paugeran tartamtu kayata cacahing larik saben pada (bait), cacahing wanda saben larik uga dhongdhinge swara (persajakan). Kang kagolong geguritan tradisional antara liya yaiku parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe. Puisi Jawa Tradisional, sing umume arupa tembang. Puisi iki ditembangake miturut lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora bisa dipisahake kalawan tembang. Puisi tradhisional kang awujud tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe : a. Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) : Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b. Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan) : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung. c. Puisi tembang gedhe (kawi) : Girisa2. Geguritan modern ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana ing geguritantradisional. Tegese saben pada (bait) ora ditemtokake cacahe larik. Saben larik ora ditemtokakecacahe wanda lan dhongdhinge swara (persajakan). Pangripta mardika (bebas) anggone medharakekarep. Mula geguritan modern uga diarani geguritan bebas utawa kang saiki lumrah diaranigeguritan. Geguritan kuna Geguritan modern1. Diwiwiti nganggo tembung sun 1. Ora ana paugeran kang gumathok2. Cacahing gatra ora ajeg, nanging sithike 2. Barisane endahpapat3. Cacahing wanda ing gatra siji lan sijine kudu 3. Basane dudu basa padinanpadha akehe4. Tibaning guru lagu kudu runtut 4. Ana rima, irama, lan intonasiTitikane geguritan 1Titikane geguritan yaiku:  Ora kawengku ing pathokan metrum/ paugeran kayadene macapat  Dudu basa padinan  Migunakake tembung-tembung kang pinilih  Cacahe larikan ora katemtokake  Isine mentes  Arang-arang nggunakake tembung-tembung pangiket  Tembung-tembunge singkat, mentes, padhet  Bisa nggunakake purwakanthiBASA JAWA --- GEGURITANJinise geguritan1. Geguritan KunaGeguritan kuna nduweni pathokan/paugeran: 1. Cacahe gatra (larikan) ora ajeg, nanging sithik-sithike papat. 2. Cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra utawa larik kudu padha akehe 3. Tibaning swara (guru lagu) kudu runtut 4. Sangarepe guritan diwiwiti tembung “Sun nggurit”, utawa “Sun Ngegurit”Conto geguritan Kuna:Sun nggegurit:Kahanan jaman saikiSipat pemudha-pemudhiSrawunge saya ndandiRaket wewekaning sepiTan kadi jaman nguniSrawung sarwa ngati-ati2. Geguritan AnyarGuritan anyar (geguritan) tegese rumpakan kang ora kaiket ing paugeran dene edi penine rumpakanngendelake tembung kang mentes lan pilihan.3. Geguritan mawa dhapukan tartamtuMiturut pandhapuke ukara lan pangiketing tembung, arane geguritan iku warna-warna, kayata: 1. Rong gatra sapada, diarani gita dwigatra (distikon) 2. Telung gatra sapada, diarani gita trigatra (terzina) 3. Patang gatra sapada, diarani gita caturgatra (kuatrain) 4. Limang gatra sapada, diarani pancagatra (kuin) 5. Nem gatra sapada, diarani gita sadgatra (sekstet) 6. Pitung gatra sapada, diarani saptagatra (saptima) 7. Wolung gatra sapada, diarani gita hastagatra (oktavo) 8. Sangang gatra sapada, diarani gita nawagatra 9. Dhapur soneta 10. Tanpa tinamtu diarani gita mardika (puisi bebas)4. Geguritan miturut surasaneMiturut surasane, arane geguritan iku warna-warna, kayata: 1. Ode : surasane ngemot pangalembana marang wong liya, Negara kang dianggep luhur. 2. Himne : surasane pangalembana marang Gusti Kang Maha kuwaos. 3. Elegi : surasane panalangsa, njlentrehake sawijining bab kang nelangsa lan ngrujit ati. 4. Epigram: surasane babagan piwulang moral, pitutur kang becik kang tinulis kanthi ringkes. 5. Satire : surasane ngenyek kanthi kasar (sarkasme) tumrap sawijining bab kang ora adil kang ana ing madyaning bebrayan. 6. Romansa: surasane bab katresnan. 7. Balada : surasane babagan crita utawa lakon kang nyata utawa imajinasine pujangga.Unsur-Unsur Batin GeguritanUnsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan diarani unsur batin. Ing ngisor iki bab-bab kangkalebu unsur batin geguritan. 1. Tema, tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair. Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute. 2. Rasa-PangrasaBASA JAWA --- GEGURITAN 2Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.3. Nada/lagu Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.4. Swasana Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.5. Amanat kang dumunung ana geguritan Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.Struktur Lahir GeguritanKang sinebut struktur lahir geguritan kuwi kahanan bab apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki anaing tembung-tembung kang rinakit ana sajroning geguritan. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu strukturlahir geguritan. 1. Pinilihing tembung Pinilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila. 2. Majas Majas utawa gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNES) diarani lelewaning basa. Majas utawa lelewaning basa iki kanggo nambahi grengsenge geguritan. 3. Rima Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan. 4. tipografi Tipografi kuwi larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.Maca GeguritanGeguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh piwulang, pepeling, sarta pituturmarang wong sing maca. Sawijining geguritan bakal luwih gampang olehe nggoleki amanat utawapiwulang kang ana sajroning geguritan kanthi cara diparafrasekake luwih dhisik. Parafrase geguritantegese proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragraf, kanthiancas supaya maknane/tegese geguritan luwih cetha lan gamblang. Geguritan iku bisa dirasakake kanthimaca utawa ngrungokake, satemah bisa: 1. Nemokake pesen (amanat/piwulang) kang kamot ing sajroning geguritan, 2. Nemtokake sebab kang ndadekake endahing geguritan, 3. Gawe gambaran tumrap geguritan kang diwaca utawa dirungokake.Kang perlu digatekake jroning nyulih wedharaning geguritan yaiku: 1. Maca tulisan (naskah) kanthi setiti 2. Ngira-ira tetembungan kang diilangi, nuli mbalekake 3. Njingglengi ten ana pasemon utawa pralambang sing dienggo 4. Njarwani (menafsirkan makna) pasemon utawa pralambange 5. Ngupakara (merangkaikan) ukara-ukara saka panaliten dadi sawijining gancaranKanggo ngelingake maneh apa wae sing kudu digatekake nalika maca geguritan, ing ngisor iki perangan-perangan sing kudu disemak lan diugemi,yaiku: 1. Wirama (irama/lagu)BASA JAWA --- GEGURITAN 3Irama kudu digatekake nalika maca geguritan, umpamane banter, alon, cetha utawa samar, lansapanunggalane. Nalika maca geguritan sing surasane semangat kudu nyuwara sora, beda nalika macageguritan sing surasane ngemu kasusahan, kudu alon, alus, lan melas. 2. Wirasa (rasaning swasana ati/penjiwaan)Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe. Nuli anggone maca ngetrepakeutawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng,wibawa, getun, nesu lan sapanunggalane. 3. Wiraga (solah/obahing awak, pasemon/raut muka)Obahing awak yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga prayoga, ngobahake peranganing awak kanggombangun swasana. Pasemon, praenan kudu selaras karo isining geguritan nanging aja banget-banget. 4. Wicara ( basa, pocapan/ lafal)Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung.Nulis/nggawe geguritanJaman saiki panulise geguritan beda karo ing jaman biyen ora nganggo paugeran pinathok. Geguritan ingjaman biyen diarani puisi Jawa Kuna utawa puisi Jawa gagrag lawas, jalaran kaiket dening guru gatra,guru lagu, lan guru wilangan. Ing puisi Jawa Kuna mesthi kawiwitan tembung “Sun anggurit” utawa“Sun Nggegurit”. Ing puisi Jawa anyar utawa geguritan, kabeh aturan mau ora ana. Cacahe gatra,wilangan, lan lagune bebas.Syarat menawi badhe damel geguritan: 1. Tema : yaiku idhe baku utawi pikiran baku ingkang dados dasare geguritan 2. Diksi : yaiku pamilihing tembung ingkang dienggo ing geguritan 3. Sarana Retorika : yaiku alat kangge ngungkapake menapa ingkang badhe dipunandharaken ing geguritan 4. Amanat utawi pesen ing geguritanCarane nulis geguritan yaiku: 1. Nemtokake tema 2. Tema mau gawea cengkorongane (kerangka) 3. Saben cengkorongan mau udhalen mawa tembung-tembung 4. Milih tetembungan kang mentes, endah lan cekak 5. Menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine geguritan 6. Anggenipun nyerat kedah awujud larik-larik, saben setunggal irah-irahan saged dumadi 1 pada/ larik, ingkang baku maknanipun manunggal 7. Saged migunakaken purwakanthi, baliswara, pepindhan utawa tembung kawi kanthi cara golek ing kamus. 8. Nggatekake paramasastra basane. Umpamane nganggo ukara sembawa, ukara camboran lan liya- liyane. Kabeh mau duwe pangajab supaya weling utawa amanat saka pangripta bisa tekan pamaose.Tuladhane mengkene: Bocah-bocah arep nggawe geguritan kanthi tema bencana alam. Bencana alam kuwi rupa-rupa, bisabanjir, gunung mbledhos, lindhu. Pilih salah siji, ateges wis dadi tema sing spesifik. Umpamanemengkene:1. Apa sing nyebabake banjir2. Kepriye kedadeane3. Kepriye akibate4. Apa hikmah kang bisa disinau saka kedadean banjir.Cengkorongan banjur diwedharake, dijlentrehake sarana tembung-tembung kang ditata ing larik-larik mangkene.BASA JAWA --- GEGURITAN 4Manungsa ora bisa nyegah kekarepaneNegor wit-witan sasenenge dheweAlas-alas entek wit-witaneMung kari suket-suket sing dadi kanca lawaseUdan sawengi natasNyirep hawa panasBanyu terus mili ngebaki kali-kaliOra ana sing bisa nyegahTanggul-tanggul padha bedhahBanyu wiwit mlebu omahWong-wong sing ora dosaKudu nandhang sengsara lan cilakaKelangan bandha donyaKelangan raja branaUga nyawaManungsa padha elingaJagad iki kudu dijagaAja kokrusak, kokenteknaMarang anak putu ngengehnaSupaya bisa urip tentrem, mulyaBASA JAWA --- GEGURITAN 5Tuladha geguritan: 6 Sambat Sebute Bantala Dening Agus ArtiningsihDhuh pra manungsa, titahing jawataSira tambuh, nglali apa ora krasaYen umurku mono, saya tambah tuwaMesthine kekuwatanku ya saya sudaAku wis ora kuwawaNanging kena ngapa, sihing Binathara?Sira malah saya seneng gawe malaBombong nambah dosa, lan dhemen tumindhak dursilaSakehing amal padha ditinggalKang jujur disingkur, kang bener disengkerSing becik padha disirikAla lan nistha malah dadi tuladhaAku sayah, aku lungkrah lan aku wegahNyawang kahana kang saya bubrahManungsa kakehan polahKaya raseksa kang ngangah-anggahNgangsa bandha kang ora lumrahMalah njarah, hake priyayi kathahSakehing prahara iki apa oar koknggo ngaca? Jagade Gonjang-GanjingDak sebut jagade gonjang-ganjingAmarga akeh kang ora padha elingMarang liyan, apa maneh marang sing gawe gesangWong gedhe padha jegal-jegalanRebutan panggonan lan panguwasan Ewadene wong cilik padha gedhungsangan Golek pangan panguripan Sing ndhuwur saya mulur Sing ngisor saya thekor Pancen jagade lagi gonjang-ganjingAkeh kang padha ngedanYen ora edan padha ora kedumanPadha ndugang-dinugangSingkang-singkangan Ilang rasa kamanungsanLumrahe wae gusti paring samubarang pepelingManeka bebendu: lindhu, petir, angin, udan, ora uwis-uwisSupaya manungsa padha elingPahlawanku(R. Tantiningsih)PahlawankuWutahing ludirmuNyiram ibu pertiwiNadyan sang ibuKudu muwun sedhihBASA JAWA --- GEGURITANKarajang-rajang manahe 7Karujit-rujit rasa pangrasanePahlawankuMugya Gusti paring nugrahaSemana gedhene bektimuJiwa raga, bandha donyaTanpa sisaAmung siji pangajabmuMerdika==============================Segara Ayu(Hisyam Z)Bener, pener, yektiSliramu dadi seksiSeksi pahlawan sejatiPahlawan mulih aran awit bektiAwit mangku jejibahanTugas luhur, jujur ing palaganNgemban amanat Trikora ayahanSegara Aru biru lugu blak-blakanNgemu maduMaduning bangsa satuhuKang Asma Yos Sudarso ikuKorban jiwa raga ing Segara AruLudira kang wekasanKanggo nebus IrianYos Sudarso gugur kalayanAsmanya misuwur ing bebrayanSliramu AruSeksi luguSeksi bisuSatuhu baku======================Merapi(Puthu Aryana)Merapi...Saka kadohan katon gagahAsep putih ndedel ing awiyatTilas dalan lahar katon cethaKena sunare Hyang BagaskaraMerapi...Saumpama kowe bisa critaKabeh kadadean ing tanah JawaBASA JAWA --- GEGURITANWiwit jaman Mataram Kuna 8Nganti madege Kraton NgayogyakartaMerapi...Sliramu anyekseni kridhaning bangsaWiwit nalika ngusir penjajah WalandaJaman mardika jaman SoekarnoNganti jaman SoehartoJaman Habibie tumekaning Megawati lan SusiloMerapi dadi saksi==========================Kembang Mlathi(R. Widiyati)Daksebar kembang mlathiIng Taman Makam PahlawanKusuma Bangsa kang sejatiLuhku tumetes... tes... netesi bumiAku rumangsa dosaDurung bisa melu labuh negaraAmung sekar mlathi ikiTandha setya lan janjiBakal melu napak suciLabuh nagri alelandhesan ati suciDadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci==============================Api Abadi Mrapen(R. Tantiningsih)Latu kuwi, tansah murubOra nggubris kiwa tengeneNadyan digrujug tirtaNadyan maruta padha tekaNanging latu kuwi ora surutLatu kuwi, tansah murubKaya latu kang ana jero atiAngel dipateni lan angel diadhemakeLatu kuwi, tansah murubIng mrapen dunungeNinggal sejarahKanggo anak putu=================================Kitir(Sumono Sandy Asmon)Kitir ikiIsi panantangku marang wengiBASA JAWA --- GEGURITANSing kebacut anggone nguja sepi 9Dolanan swarane asu baung nggeririsiKitir ikiWujud pangundhamanaku marang awang-awangSing kebacut brangasanNgrentengi lintang, nguntal rembulanKitir ikiSrana gugatku marang isen-isening jagadSing pijer royokan brekatTan keguh njaluk ruwat================================Koran(Harum Sunya Iswara)Taktunggu tekamuSaben dina ing omahkuKabar kang daktungguSaka awakmuNambahi wawasankuMosak-masike donyaMaju mundure negaraMinangka wartaKoran minangka alat komunikasiKang kudu diwerdiMula ora ketinggalan informasi=====================================Wutah Getihku(Mahardono Wuryantoro)Gumelar jembar bumi asriSumunar sumringah sunare bagaskaraPadhang sumilak hanelai jagad NuswantaraBumi pusaka wus kawentarOmbak-ombak samodra, kencana kang ngrengganiWutah getihku daktresnaniKawulamu....Guyub rukun anambut kardiJeroning swasana tentrem lan mardikaGilig ing tekad manunggalCumithak jeroning ati, bebarengan ambangunAku lila....Korban jiwa raga kanggo bumikuNadyan awak ajur dadi sawurLan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwiLabet raharjaning nagaraLumantar iki....BASA JAWA --- GEGURITANIsining atiku ginurit 10Prasetyaku thukul saka ati kang tulusNjaga langgenging kamardikanDonga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku======================LindhuLara ati nemu plataran kabar winedharEmbuh endi sing marahi lara tanpa tambaDene batin isih adreng ngawruhiDene urip kepengin ngemonah pikirlayak-layak dene gegambaran sing den-ukirMujudake sesanggeman saka wirayat gumingsirLindhu netepake gumingsire uripIya sadawane nalar, iya sandhuwuring gelarNatkala sampeyan crita prakara jamang kethiwarDene kraton tinilar putra-putrine sing tumabirangKari siji geganthan sing singgihKaya krikil emas isih sumebar neng taman garingIku lindhu sing nyathet puisi abang, kuning, irengTegal lelateng jrone pararaton muniGelung-tekuk wis wudhar, pinjung kemben linukarSerat-serat kuna pecah dluwange : kraton bedhahAmbane pardah ing guyu sacamah pasar-pasar dhusun!O, lindhu ing sukma suwungO, lindhu kang ngrucat sakabehing pulungIng kene lawatan sajangkah wis kajamah ruyung!================================SEPIiki sepine sopo?kathik ono sepi sepo....langit peteng kagubeng dening mendung....tanpa angin tanpa wicara...tanpa lagon tanpa gending...yen sliramu isih rumongso tresnogunemu bakal dak anti...nadyan getir rasaning ati....sepi....iki sepine sopokathik ono sepi sepo...===============================PamulanganBASA JAWA --- GEGURITANJare simbah aku kudu sekolah 11Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrahJare rama ibu aku kudu sregep mangkatKareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlaratJare bapak ibu guru aku kudu sinauTambah ilmuKareben kelakon kabeh kang tinujuNangingprakanca, ….coba delengen kahanan nyataapa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumatapamulangan kang tanpa tuladhapamulangan kang kasatan piwulangpamulangan kang ngajarake angka-angka wutasiji lan siji ana pira?Jare anut kang duwe kersaJan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata kramalali dosa…kabeh lurung binarung kumalungkungpamrih pamuji sijiPamulangan ora aweh pepadangSimbah,Nyuwun pangapuntenKula mboten kepingin dados dokterJalaran duite bapak mboten wonten sakoperRama,Nyadong dukaKulo mboten kapilut drajat pangkatJalaran ajrih sumpahing rakyatKang panggah mlarat sekaratBapak ibu guru,Nyuwun donga pangestuMugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu=================================Udan Wayah Soreudan riwis-riwis nggawa angin gumantiora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arepdikaya ngapa lemah wus kebanjur telessesuk esuk yen sang surya wiwit sumunarlan manuk kepodang colat-colot ana wit gedangtak tunggu tekamu ing sak ngisore payungtak kanthi lakumu tumeka ngendimbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwisBASA JAWA --- GEGURITANmarakake gawe kekesing ati 12manuk kepodang wus mabur mangulonnanging tetep tak tunggu tekamu=====================JAMAN KOMPUTERjamane wis sarwa komputerakeh wong padha keblingerrodha becakmu tetep munyersarapan sega peceljamana wis sarwa mal plazauripmu panggah nguler kembanggethuk tela pendhak rinajamane wis sarwa supermarketing desamu pasar pendhak kliwondol tinuku nyang-nyangan kaya padudongolek bati sarepis adus kringetjamane wis sarwa satelitpacul arit panggah nggeguritnggo ngrabuki jagad alitjamane wis sarwa edanlanang ilang jalerewadon ilang wanitane=====================================Dalan OmbakWus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watulan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukkukaya prenjak kang katombak swiwine, ilang uninekaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangarsliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalanngambali ati ing pangilon, ngambali pitakonlan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirnatatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina==================================AMBEGAN SEGA KULUBANAmbengan sega kuluban dieler ing tampahdiladekake ing pasamunandirencah bebarengan, kroyokan, rebutanambengan sega kulubanoora ana sing ngerti duweke sapakejaba dadi pangane wayang , para dhalangsing lagi lungguh methingkring(kidang lan trewelu, kinjeng lan kupu mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu)BASA JAWA --- GEGURITANambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta 13mung kari tampah ngganda amis, angganda amisbanjur kanggoo bal-balan para buta!=============================Kembang Wengi s Kembang BangahSliramu kuwi pancen ayu enom tur endahSenengmu ngreridhu ngobral esem kanthi ulat sumringahEman, ayumu kuwi kena tinuku murahIng atising wengi sliramu ora wegah jumangkahSineksen abyoring kartika kedhep nrithil sajak bungahMbok gurit lelakon ireng ing sadhengah dhadhahSoroh angga liniron redana sliramu pasrahMustika aji wis lawas oncat saka ragamu sing wantahIng buntasing wengi anggamu katon sayah…lungkrah…He kembang bangah, pumpung durung kasep lerenaTumindakmu sing nistha kuwi uwisanaGalo isih akeh pakaryan sing utama, golekanaApa kowe ora krungu para sujana sarjana sadonyaGumedher umyung gumregut arep padha bareng mbrasthaPakaryamu kuwi sing dadi ngrembakaning krumaVirus AID candhala sing durung ketemu tambane kanggo usadaUga sumandhing ngaglah ing iringmu si raja singaYen wis tumanduk ing awakmu kowe ra bisa banggaOh esemmu sayah… eseme si kembang bangah============================Wayah MagribWancine wis repet-repet petengSang surya sayah sedina muput madhangi jagad rayaAngin sore kang biyasane midid sumilir sumene sawetaraAweh kurmat nyang sang bagaskara kang lagi ngasoSwarane bocah rame dolanan tan keprungu manehMbarengi swara bedhug masjid tengara mahgribanUjug-ujug ana pawongan kang lakune setengah kesusuNgener nyang omahe bu bidhanJarene semahe arep babaranTemenan ora watara suwe keprungu cengere jabang bayiAmin… negarane tambah jiwa sijiTegese kebutuhane pawongan mau tambahJarene iku titipane Gusti kang kudu dicukupiWiwit saka susu, kasarasan, panggulawenthah nganti diwasaWigatine maneh ing piyandeleIng tembene dadiya wong kang sholehBedhug Mahgrib wis ora ana suwaraneUmat lanang wadon tuwa enomPadha sujud sangandhape pepadane GustiBubar Mahgrib kendhuren-mantenDening Pak Sastro wis diangen-angenBASA JAWA --- GEGURITANDianam ing batin sataun kepungkur 14Jejere bapa kang wajib miwaha dhaupe putraKang kakudang-kudang ing tembeneDadiya tiyang ingkang mawadah lan solekhahSaged mikul dhuwur mendhem jero tiyang sepuhDumadakan keprungu swara tangise jejeritanMbah Soma kang wus yuswa sewidakKatimbalan ing Gusti ingkang akarya jagadInna Lillahi Wainna Ilaihi Roji‟unKatampia ngastane Gusti ingapura sedaya dosa lan kalepataneLelakone jantraning BawanaManungsa nora kuwagang ngendheg lakune takdirIng wayah MahgribAna kang lagi lahir kanggo ngiseni jagad rayaAna kang lagi palakramaAna uga kang katimbalan ing ngarasane GustiAmin=======================SEDYAKUWis, Jeng…Aku sumelehnyelehake pangarep-arepkumarang katresnan lan kawigatenmu sing semuyen nyatane amung semenecunthele lelakonku…Pepenginku tansah sumandhinglan nresnani sliramukudu dakprunggelsing luwih wigati, Jengdonga lan pengestumu waetansah mili kanggo akuWis, Jengaku pamitbecik njembarake pikirnggayuh kabegjanmring ati lan katresnan satuhutan ora binagi ing liyansempurna ing guritan siji…======================CRITA SAKA MANCAing papan sarwa salju, akungangen-angen lawang gubug binukaana bedhiyang lan lincaknanging wis kebacut dadi saljuguritan apadene kekarepannglinthing bareng tumiyupe anginBASA JAWA --- GEGURITANnunjem-nunjem dom periih 15sadawane wengikangmangka ing ngisor salju pinendhem candhising durung kober kababar unine prasasti=========================BABAD WEDHI PESISIRSorene sore jinggawengine wengi birukembang pandhan mesem marang mbulantangane ngawe-awe sajak kemayuapa hiya iki dayane layang atimusing jare bakal ditulis kalane ijenlan sendhang mung amping-ampingann jendhelasing wengi iki isih panggah binuka?biyen aku nate apal gojegmukepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritaning lemah suwung pinggire tamanora ketang mbalang liring sambi mungkurnyamudana wingkis sakehing kekarepannutup kudhuping kekembanganiki babad wedhi pasirpinaes ganda aruming mawarrarasing riris dhadha kumesar====================LINTANG-LINTANGlintang-lintang abyor ing tawangcumlorot sliweran nalika alihankumleyang mencok ing socamu asihkucahyane gumebyar sunare gilar-gilaring telenge atimu sliramu tansah dakantulintang-lintang alihancumlorot telu ana pundhakkukawitan lintang abang lintang perangkapindho lintang mirunggan lintang kamanungsanpungkasan lintang kumukus lintang kadurakan=========================WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANUrong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kenesaklawase ora nate ketemusaliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthigandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esukwus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkurwus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putihing dalan iki rong puluh tahun kepungkurana cerita rinajut endahBASA JAWA --- GEGURITANdik, kala kala sliramu isih dadi impenku 16pirsanana ana nduwur kaeana teja manther ing sela-selaning gegodonganlan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhenesaiki aku lan sliramu linambaran rasa kangensimpenen kangenmu ana impen=======================RON GARINGWengi sansaya atisnalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelankang digawa dening anginprasasat tan kendhatanggonku kulak warta adol prunguananging isih mamringaku wis pingin cecaketanobormu kang makantar-kantarmadhangi jangkah lan jagatkuana ngendi papanmulelana tapa bratatanpa pawarta tanpa swaraaku kadya ron garingkumleyang kabur kanginaning jagat peteng lelimengankrasa luwih abotanggonku ngadhepi dina-dina ing ngarepmlakuku ora mantepkagubet ribet lan ruwetadoh saka cahyamupedhut ing sakindering pandulupanjenenganguruku, sihku, oborkukancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.Pengarang: Budhi setyawan=========================Rerenteng Aluring PepundhenSunare srengenge esuk ngusap praupane bumi rengkaTlatah kapang kang gumawang ing pangangen sepiNyawuk bumi-bumi esuk tengahing lembayung labuhKumriciking banyu kali Grindulu kang ngranuhiDadi tlatah srumbung isih tinunggon pangarep-arepWijiling paseksen kang ngantu-antu kaendahanBASA JAWA --- GEGURITANIng netra bening esem ngandhut panyuwun 17Sedya nuntumake kasetyan kang pinarsudiMung eman sasuwenbe sesandhingan tan linairKang sinartan lungiting pangarep-arepObahing jantra ginawa angin ngulandaraPangesthine ana pawitan ngupakara dalan lawasEngga alam ngrayuk sunar srengenge esukPecak jumangkah ngitapak.e rasa rudatinKang gimantha amung mekaring panggarjitaIng kana bakal cinathet ubeng ingering lalakon==========================SuwungManuk emprit ilang swiwinehamung menclok dhuwur wuwungkang suwungwalang kayu jempalitanngerik ora karuwansajak ngece, sajak ngundhamana“ sokur kowe, ora iso miber adoh,nyepi panjangka, ilang dirgantara “manuk emprit hamung menengklep ! klakep ........ ati nangis wutah miriseluh kececeran nangis sesenggukannek emprit kelangan swiwiora isa miber, kelangan jagat dirgantaraneisane hamung menclok dhuwur wuwungndhepipis,ngenteni izrail,sing bisa wae awujud tikus, apa kucing .......walang kayu jempalitan, ngerik ora karuwan,sajak ngece, sajak ngundhamana “ sokur kowe, ora isa miberadoh,nyepi panjangka, ilang dirgantara “======================Ing Teluk Pang-PangNawala ing dak tampaPatang dina kepungkurIsih wutuh tansah dak wacaHanggawa rasa kingkin, Ing mangsa rendheng kateluNgepasi kartika ngancik patbelas dinaSilramu tak anti-anti ana ing pinggiran Gisik pang-pang keneRasaku wis memetNggremet-nggremetTeka ing pikir kang ametTansah nungguSliramu bali, masiya hamung sak kedhepe netra DhiajengMbok menawa sliramu pancen nduweni rasa kang padhaKaro rasa ing pangrasaku,Mula, jeng .....Tak titipake kangen iki Marang gegulunge ombakSing tansah setya tuhu marang mangsaSing sok geseh, gusuh sing wola-wali ikiBASA JAWA --- GEGURITANHamung siji panyuwunku 18Muga sliramu tansah rahayu memuji gustiLan pinayung sih kanugrahaning pangeranSesuk tak tunggu sliramu inggisik pang-pangiki======================CyberpunkIng grumbulan pringGuritku netesDadi prenjak kang silih semaurMawerna rupa Lucifer manjing ing regolCacing lan tilas sejarahGuritku .....Nalika april nyedhak sumurNimba ayang-ayang lan ilmuGunung mungkur, genah lungkah panyawangmuAja ninggal pitakonmu ing lawangAwit Jibril wis budhalAwit gunemmu mung nglairake siyung-siyung vampir=========================Janji Sepidawane rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kuthaprasasat isih dawa janjimukang nggawa daya sumringah ing sajroning lakunlusup ing balung sungsumangin melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawanetramu yen lagi nyawang jagadagawe donya njomplang kadya katrajang gara-garaora kuwat nyangga bumiora kuwat ngreksa budiangin isih nggoleki aburing kupumangsa rendheng udane nggrejihnanging kali durung akeh banyunerasa aneh kaya kang wis nate daksasakkengebaki guwa pertapan asrikekidungan dhewe tan kena dipenggakkadya lali purwa duksinaangin njajah desa milang kori marsudi janjimu wingi======================Bethara Kaladening: Sunardi K Skama kang nglambrang nalika isih jenakasaiki ndedel gedhe dadi bethara kalauluk uluk jroning dadha winga wingatanpa suwarakang katon wicaksana kae jalarankokruket pinangka kancakang pinilih pinercayangembani panguwasaBASA JAWA --- GEGURITANwisa rasa gula 19kama kang nglambrang saparan parandadi memala nuwuhake pageblugndedel mendhuwur comondhok dhadakeklambrangan sirahmlebu metu mripat, irung saha kupingngawe awe nglancipake kukukama kang nglambrang saparan paranndedel dadi bethara kalaang dadi memangsaneora ateges diklethak saraga balunge=======================Mamringdening: Budhi Ssepi mamringsempah sumpeg petengkesel, ah embuhora weruh ngerti bisunangis sajroning ngguyungguyu sajroning nangismlaku sajroning mandhegmandheg sajroning mlaku UDAN WAYAH SOREudan riwis-riwis nggawa angin gumantiora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arepdikaya ngapa lemah wus kebanjur telessesuk esuk yen sang surya wiwit sumunarlan manuk kepodang colat-colot ana wit gedangtak tunggu tekamu ing sak ngisore payungtak kanthi lakumu tumeka ngendimbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwismarakake gawe kekesing atimanuk kepodang wus mabur mangulonnanging tetep tak tunggu tekamu DALAN OMBAKWus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watulan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukkukaya prenjak kang katombak swiwine, ilang uninekaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangarsliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalanngambali ati ing pangilon, ngambali pitakonlan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirnatatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rinaBASA JAWA --- GEGURITANSEDYAKU 20Wis, Jeng…Aku sumelehnyelehake pangarep-arepkumarang katresnan lan kawigatenmu sing semuyen nyatane amung semenecunthele lelakonku…Pepenginku tansah sumandhinglan nresnani sliramukudu dakprunggelsing luwih wigati, Jengdonga lan pengestumu waetansah mili kanggo akuWis, Jengaku pamitbecik njembarake pikirnggayuh kabegjanmring ati lan katresnan satuhutan ora binagi ing liyansempurna ing guritan siji… LINTANG-LINTANGlintang-lintang abyor ing tawangcumlorot sliweran nalika alihankumleyang mencok ing socamu asihkucahyane gumebyar sunare gilar-gilaring telenge atimu sliramu tansah dakantulintang-lintang alihancumlorot telu ana pundhakkukawitan lintang abang lintang perangkapindho lintang mirunggan lintang kamanungsanpungkasan lintang kumukus lintang kadurakan WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANUrong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kenesaklawase ora nate ketemusaliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthigandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esukwus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkurwus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putihing dalan iki rong puluh tahun kepungkurana cerita rinajut endahdik, kala kala sliramu isih dadi impenkupirsanana ana nduwur kaeana teja manther ing sela-selaning gegodonganlan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhenesaiki aku lan sliramu linambaran rasa kangenBASA JAWA --- GEGURITANsimpenen kangenmu ana impen RON GARINGWengi sansaya atisnalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelankang digawa dening anginprasasat tan kendhatanggonku kulak warta adol prunguananging isih mamringaku wis pingin cecaketanobormu kang makantar-kantarmadhangi jangkah lan jagatkuana ngendi papanmulelana tapa bratatanpa pawarta tanpa swaraaku kadya ron garingkumleyang kabur kanginaning jagat peteng lelimengankrasa luwih abotanggonku ngadhepi dina-dina ing ngarepmlakuku ora mantepkagubet ribet lan ruwetadoh saka cahyamupedhut ing sakindering pandulupanjenenganguruku, sihku, oborkukancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati

BASA JAWA --- GEGURITAN 21