Warih, her, ranu iku kalebu tembung dasanama apa

Dasanama dalam bahasa Indonesia disebut dengan sinonim atau nama lain. Tembung dasanama memiliki arti yang sama meskipun dalam bentuk/ lafaz berlainan. Karena bahasa Jawa memiliki ragam bahasa atau unggah-ungguh basa yang beraneka ragam maka dasanama diperlukan dalam pengelompokan kata-kata yang memiliki arti sama ini. Berbeda dengan bahasa Indonesia yang tidak memiliki banyak padanan kata yang bervariasi seperti dalam bahasa Jawa. Bahasa jawa memiliki ragam bahasa seperti bahasa ngoko, madya, krama, dan bahasa kedhaton, maka dari itu dalam bahasa jawa terdapat bahasa yang memiliki arti sama atau disebut dasanama.

Dasanama yaiku tembung-tembung kang nunggal teges (padha utawa meh padha tegese). Gegandhengan ing basa Jawa ana warna basa kang manut unggah-ungguh ing bisa kaprinci dadi pirang-pirang warna, mula ana tembung sepuluh, luweh utawa kurang saka sepuluh nanging sing nunggal teges.

Dasanama ing bahasa Indonesia asring diarani sinonim utawa persamaan kata. Umpamane;


"arga, giri, bukita, prabata, meru, wukir, himawan, redi, aldaka, hardi." Sakabehe tembung-tembung ing ndhuwur iku tegese padha, yaiku; gunung. Wong kang nedya ngrepta tembang, kudu sugih kawruh Dasanama, supaya ora kacipuhan tibaning guru lagune siji-sijining tembang.

"Dasanama berasal dari kata dalam bahasa Jawa; dasa = sepuluh, dan nama. yang bila diartikan, yaitu sepuluh nama. Sepuluh menurut masyarakat jawa diartikan banyak, jadi dasanama memiliki arti banyak nama yang memiliki arti sama."


Tembung Dasanama

Berikut ini beberapa dasanama kata dalam bahasa Jawa atau tembung Jawa yang dapat anda jadikan sebagai referensi dalam belajar Bahasa Jawa.
No
Alas dasanamane, yaiku wana, setra, sabin
Anak dasanamane, yaiku atmaja, putra, siwi, sunu, suta, weka, yoga, tanaya
Angin dasanamane, yaiku bayu, bajra, maruta, pawana, prabancana, prahara, barat, samirana, sindhung riwut
Angkasa dasanamane, yaiku akasa, awiyat, dirgantara, wihaya
Ati dasanamane, yaiku driya, galih, manah, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya
Awak dasanamane, yaiku angga, badan, deha, salira, sarira, raga, wanda
Bapak dasanamane, yaiku bapa, sudarma, sudarmi, rama, abi, yayah
Banyu dasanamane, yaiku her, jala, warih, we, ranu, sindu, tirta, toya
Baskara dasanamane, yaiku srengenge, arka, aruna, bagaspati, diwangkara, surya, prabangkara, prabakara, pradanggapati, andakara
Bodho dasanamane, yaiku blilu, dama, mudha, kumprung, koplo, jugul, pengung, punggung
Bumi dasanamane, yaiku bantala, basundara, basundari, bawana, buwana, buntala, kisma, mandhala, pratala, pratiwi, lemah
Buta dasanamane, yaiku asura, danuja, danawa, ditya, raseksa, yaksa, wil, kala, diyu, druwiksa, kelana
Dalan dasanamane, yaiku delanggung, embong, gili, lurung, marga, margi, margana, ratan, sopana
Dewa dasanamane, yaiku apsara, apsari, bethara, dewata, sura, hyang, jawata, widadara, jiwandana
Gajah dasanamane, yaiku asti, dwipangga, dwipa, dwirada, dwirapa, danti, dirada, esthi, liman
Gawe dasanamane, yaiku kardi, karti, kirta, kirti, kirtya, karya, yasa
Geni dasanamane, yaiku agni, api, apyu, brama, dahana, grama, pawaka
Getih dasanamane, yaiku ludira, rah, rudira, marus
Gunung dasanamane, yaiku aldaka, ancala, acala, arga, ardi, arditi, giri, himawan, meru, pamata, prabata, redi, wukir
Ibu dasanamane, yaiku biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi, embok
Ireng dasanamane, yaiku cemeng, cemani, jlitheng, kresna, langking
Irung dasanamane, yaiku grana
Iwak dasanamane, yaiku matswa, mina, ulam
Jaran dasanamane, yaiku aswa, kapal, kuda, turangga, wajik
Jeneng dasanamane, yaiku asma, aran, jejuluk, tetenger, rum-rum, wewangi
Jeruk dasanamane, yaiku jeram
Kali dasanamane, yaiku lepen, narmada, nadi
Kaya dasanamane, yaiku kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindha
Kembang dasanamane, yaiku kusuma, sekar, puspita, puspa
Ketok dasanamane, yaiku katon, ketingal
Keris dasanamane, yaiku curiga, cudrik, katga, patrem
Kethek dasanamane, yaiku juris, kapi, kowe, palwaga, rewanda, wanara, wre
Kreta dasanamane, yaiku rata, ratangga, pedhati, wimawa, yana
Kraton dasanamane, yaiku dhatulaya, kedhaton, pura, puri
Kayu dasanamane, yaiku wit, taru
Kulon dasanamane, yaiku baruna, kulwan, pracima
Kuning dasanamane, yaiku jenar, kapuranta, pita
Lanang dasanamane, yaiku jaler, jalu, kakung, priya
Langit dasanamane, yaiku akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat
Lagi dasanamane, yaiku sawek,nembe
Laku dasanamane, yaiku payu, laris
Lara dasanamane, yaiku gerah, gering, mriyang, roga, sakit
Lintang dasanamane, yaiku daru, kartika, sasadara, sudama, taranggana, wintang
Macan dasanamane, yaiku sardhula,sima
Manak dasanamane, yaiku nglairake anak
Manuk dasanamane, yaiku kaga, kukila, paksi, peksi, wihaga, wihanggama
Mata dasanamane, yaiku eksi, mripat, netra, paningal, soca
Mati dasanamane, yaiku antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, murud, palastra, seda, mancal donya
Mayit dasanamane, yaiku bangke, jisim, kunarpa, kuwanda, sawa, wangke
Misuwur dasanamane, yaiku kaloka, misuwur, kawentar, kongas, kombul, kasusra, pratita, prakasita, kaonang-onang
Omah dasanamane, yaiku graha, griya, panti, wisma, yasa
Padu dasanamane, yaiku crah, congkrah, padudon, sulaya
Pandhita dasanamane, yaiku ajar, dwija, dwijawara, maharsi, resi, wiku, wipra, yogiswara
Peni dasanamane, yaiku apik, becik, edi, endah
Perang dasanamane, yaiku jurit, laga, pupuh, rana, brantayuda, yuda
Pinter dasanamane, yaiku guna, lebda, limpat, wasis, widagda, widura, wignya
Ratu dasanamane, yaiku aji, buminata, bumipala, dhatu, katong, naradipa, narpati, narendra, nareswara, nata, raja, sri, sribupati
Rembulan dasanamane, yaiku badra, candra, sasadhara, sasangka, sasi, sitaresmi, sitengsu, wulan, soma
Sedhih dasanamane, yaiku dhuhkita, kingkin, rudatin, rudhita, sungkawa, susah, tikbra, turidha, wigena
Segara dasanamane, yaiku ernawa, jaladri, jalanidhi, samodra, tasik, udaya
Slamet dasanamane, yaiku basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana, widada
Srengenge dasanamane, yaiku arka, aruna, bagaspati, diwangkara, surya, prabangkara, prabakara pradanggapati, andakara pratanggakara, radhite, raditya, rawi, surya
Soma dasanamane, yaiku rembulan, Senen
Tiyang dasanamane, yaiku jalma, jana, manungsa, manus, manuswa, manungsa, nara, wong
Ula dasanamane, yaiku sarpa, sawer, naga, taksaka, wyala
Wadon dasanamane, yaiku dayinta, dyah, estri, juwita, gini, kusuma, retna, rini, wanita, wanodya, putri, setri
Wana dasanamane, yaiku alas, sabin
Wanadri dasanamane, yaiku alas gedhe
Wanakirun dasanamane, yaiku arane malaikat kang tunggu kubur
Wanara dasanamane, yaiku kethek, we, juris, kapi, kowe
Wanari dasanamane, yaiku kethek wadon
Wanantara dasanamane, yaiku alas gedhe
Wanda dasanamane, yaiku awak, perangane tembung
Wande dasanamane, yaiku warung
Wandawa dasanamane, yaiku sanak sedulur
Wasis dasanamane, yaiku pinter, lebda, widagda, limpat, widura, wignya, guna, limpat
Weruh dasanamane, yaiku anom, priksa, udani, upiksa, uninga, wihikan, wikan, wiruh, wruri, wrin, wuninga
Wicara dasanamane, yaiku catur, gunem, ucap, omong, uni
Wong dasanamane, yaiku jalma, jana, manungsa, manus, manuswa, manungsa, nara, tiyang

Wudhu dasanamane, yaiku ora payu, ora laku


Dasanama Jeneng Wayang

1. Janaka = Pamade, Arjuna, Premadi, Pamadya, Parta, Palguna, Margana, Endraputra, Endratanaya, Endrakusuma, Jlamprong, Kombang Ali-Ali, Gendreh Kemasan, Satriya Madukara, Prabu Kariti, Bambang Wijanarka, Cipta Hening, Begawan Mintaraga, Dananjaya. 2. Gathutkaca = Guritna, Tetuka, Rimbatmaja, Arimbiputra, Krincing Wesi, Purbaya, Bimasuta, Satriya Pringgondani. 3. Werkudara = Bima, Sena, Wijasena, Bratasena, Bilawa, Bayuputra, Bayu Aji, Harya Panenggak. 4. Puntadewa: Yudhistira, Wijakangka, Ajatasatru, Darmaputra, Darmakusuma, Darma Aji, Sami Aji, Guna Talikrama 5. Kresna = Prabu Dwarawati, Narayana, Padmanaba, Kesawa, Arimurti, Wisnumurti, Wasudewaputra, Wreswinira, Narasinga, Jalitheng, Sang Waskita. 6. Semar = Badranaya, Nayantaka, Ismaya, Sukma Sejati, Sukma Ekalaya, Boga Sampir, Dhudha Manang-munung, Mayajati. 7. Guru = Jagatnata, Girinata, Hyang Siwah, Hyang Jagat Pratingkah, Ciwa Mahadewa, Ciwa Guru. 8. Abimanyu = Ongkowijoyo, Sang Pangaribawa, Aribawana, Pengalasan, Satriya Tanjunganom, Satriya Plangkawati, Partatanaya. 9. Duryudana: Kurupati, Jaka Pitana, Gendarisuta, Destratmaja, Tri Panangsah, Gendaraputra, Kurendra Nata. 10. Baladewa = Baiararna, Kakrasana, Wasi Jaladara, Wasudewaputra, Prabu Mandura, Brahma Murti. Baca juga:

Parikan Jowo (Ciri-Ciri dan Contoh Parikan Jowo Nasehat, Sindiran, dll)


Cangkriman: Tegese, Tuladha, lan Wujude (Pengertian, Contoh, dan Jenisnya)
Pepatah Jawa Paribasan, Bebasan, dan Saloka beserta Pengertian, Contoh, dan Artinya

Demikian ulasan tentang "Tembung Dasanama dalam Bahasa Jawa Secara Lengkap" yang dapat kami sajikan. Baca juga artikel seni budaya Jawa menarik lainnya hanya di situs SeniBudayaku.com.

Video yang berhubungan

Postingan terbaru

LIHAT SEMUA