Saben tembang macapat iku ana paugerane dhewe-dhewe. Paugeran sajroning tembang macapat iku ana telu, yaiku : Show
TERJEMAHAN
Contoh : S I N O M
Ambeke kang wus utama,tan ngendhak gunaning jalmi,amiguna ing aguna,sasolahe kudu bathi,pintere den alingi,bodhone didokok ngayun,pamrihe den inaa,mring padha padhaning jalmi,suka bungah den ina sapadha-padha. guru gatra = 9 baris
guru lagu = a, i, a, i, i, u, a, i, a TABEL GURU GATRA, GURU LAGU, DAN GURU WILANGAN Semoga Bermanfaat.
Perkembangan macapat lan mangsa keemasané Sajarah perkembangan sastra jawa panjang dawa banget. Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka wis kasil gawé ikhtisar isi sing nyuguhaké pambabakan adhedhasar zaman pusaka-pusaka iku tinulis déning para apngriptané. Sastra Jawa Kuna Karya sastrané yakuwi kakawin Ramayana, kakawin Bharata Yudha. Sastra Jawa Pertengahan Miturut panemu para ahli sastra lan sastra jawa, bates wektu sing dipatrapaké tumrap sastra jawa kuna diwiwiti jawa purba nganti waara taun 1400. Kanggo sastra jawa pertengahan, wiwit taun 1400-1700, déné sakwisé taun kasebut nganti saiki diarani sastra jawa anyar. Karya sastrané yaiku, Tantu pangelaran lan Kidung Sundayana. Sastra Jawa Zaman Islam Jroning lembaran sastra jawa zaman Islam, ana telu pusaka sing judhulé migunakaké tembung Niti, sing maknané tuntunan. Yaiku Nitisewaka,Nitisruti lan Nitipraja. Katelu pusaka iku nadané padha, yakuwi isi tuntutan. Nitisewaka dianggit ing zaman pamaréntahan Sinuwun Mangkurat II ing Kartasura,déné Nitipraja digawé ing zaman pamaréntahan Sultan Agung ing Mataram. Nitisruti ditulis déning Pangeran Karang Gayam, yaiku sawijining pujangga krajan Pajang sing manggon ing Karang Gayam. Asma sakbeneré yakuwi Pangeran Tumenggung Sujonopuro, sing miturut silsilah isih gantung siwuré R. Ng. Ranggawarsita. Sairing karo sumebaré ajaran Islam, sacara ora langsung, pengaruh kabudayan Islam agawé owah-owahan ing wangun puisi jawa. Saka kakawin sing mawa metrum India dadi kidung sing mawa metrum Jawa. Kalungguhan kakawin sing sadurungé minangka puisi resmi digantèkaké déning kidung. Nalika iku kidung dimanfaataké déning para intelektual Islam kanggo nyebaraké ajaran Islam ing pesisir lor ( Giri, Surabaya, Demak). Nanging, suwéning suwé kauripan kidung gèsèr uga saka Jawa menyang Bali, lan kalungguhané digantèkaké déning macapat kanthi gaya pesisiran lan muncul istilah macapat pesisiran. Sawisé pusat panyebaran agama Islam pindhah saka tlatah pesisir menyang pedalaman, yakuwi Mataram, kabudayan jawa ngalami pembangunan. Ing zaman Sultan Agung ana restrukturisasi kabudayan jawa. Kabudayan Jawa dikristalisasi lan dimantebaké, umpamané macapat dilestarèkaké lan dibakokaké strukturé, nanging uga dimodernaké, umpamané, kanthi pangowahan Kalèndher Jawa minangka asil rekayasa perpaduan taun Saka lan taun Hijriyah. Sastra jawa zaman Surakarta wiwitan Zaman krajan Surakarta wiwitan, sastra Jawa ngalami zaman keagungan. Akèh banget asil sastra sing diciptakaké lan isiné uga manéka warna. Bab iki tuwuh saka pengayoman para raja sing pinuju mengku praja lan wektu semana Basa Jawa dipigunakaké minangka basa dinas pamaréntahan. Saliyané kuwi, para raja lan para satria punggawané mèlu nggubah pustaka. Bab iki minangka stimulan tumrap para peminat lan sutresna budaya padha nyonto. Sri Susuhunan Pakubuwana III, Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Sri Susuhunan Pakubuwana V, KGPAA. Mangkunegara IV, R. Ng. Sindu Sastra, KPA. Kusumadilaga lan liyané,minangka tokoh-tokoh pamaréntahan pinunjul lan mèlu ndhukung ngembangaké kasusatran Jawa saliyané para pujangga sing diwisuda. Sauntara sing bener-bener anggawa sastra jawa mlebu ing abad keemasan ing zaman kasebut yakuwi R. Ng. Yasadipura I, pujangga pisanan kraton Kasunanan Surakarta Adiningrat. R. Ng. Yasadipura II utawa R. T. Sastranegara minangka pujangga Kasunanan sing kaloro. Pesen jroning Macapat Ing sajroning tembang macapat kakandhut angkah awujud pesen. I Made Purna mratélakaké yèn : “ manéka makna lan swasana sing dikandhut ing sajroning tembang macapat kanggo ngandaraké pesen utawa amanat. Kandhutan peswn sing kasusun jroning wangun tetalèn tembung mawa kaidah utawa pathokan sing baku “ Miturut Teeuw sing dikutip déning Laginem, miturut konsèp semiotik, karya sastra dianggep minangka otonom lan komunikatif. Komunikatif nduwèni makna yèn karya sastra diwadhahi jroning model komunikasi. Jroning model komunikasi ana unsur komunikator (penyampai), ‘’message’’ (pesan), komunikan (penerima). Komponen-komponen iku kanthi fungsiné dhéwé-dhéwé bisa dianggo njlèntrèhaké manéka konsèp jroning macapat. Minangka sawijining pesen, macapat nduwèni ciri lan makna miturut angkah sing dikarepaké. Conto: 1. Serat Wulangrèh Isi serat iki luwih ditujokaké marang para pemuda. Ing sajeroné ana pesen ngenani kawaskithan, kapekaan marang tandha-tandha, kajujuran lan kasabaran, rasa urmat lan sapanunggalané. 2. Serat Tripama Isi pesen serat iki diandaraké liwat perlambang utawa penampilan tokoh pewayangan minangka tuladha utawa simbul. Ana telu tokoh sing dadi conto yaiku Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda saka epos Arjuna Sastrabahu, Kumbakarna saka epos Ramayana lan Adipati Karna utawa Basukarna saka epos Mahabarata. Miturut katelu tuladha kasebut, isi pesené arupa tuladha sipat ksatria sing pantes dianut. 3.Wirawiyata Isi pesen iki ditujokaké marang prajurit amarga nyangkut masalah ajaran keprajuritan. Bab sing kakandhut arupa janji prajurit, disiplin, kataatan, katakwaan, ora anngak lan ora sawenang-wenang. 4. Serat Panitisastra Pokok-pokok ajaran utawa pesen sing ana jroning karya iku arupa adat istiadat, sopan santun, nilai karta lan derma, tenggang rasa, pendhidhikan anak minangka pendhukung nilai sosial wong tuwa lan sanak sedulur, kawruh kanggo ngandelaké katakwaan marang Gusti kang murbèng dumadi. 5.Wulang Estri Isi pesen jroning serat iki ditujokaké marag para wanita sing bakal nglakoni urip bebrayan. Supaya kauripan rumah tanggané apik, sejahtera lair batin, isterikudu mangertèni aturan rumah tangga, ngerti watak utawa sipat bojo, teliti, lan ora olèh ndhisiki kekarepané bojo. Ajaran iki disimbulaké kanthi paraga Dewi Adaniggar saka Cina, Putri Raja Ternate, Dewi Citrawati lan lima driji tangan. Simbol-simbol iku mènèhi gambaran ngenani kegagalan kegagalan lan keberhasilan omah-omah. 6.Candra Rini Isi pesen jroning serat iki arupa ajaran moral tumrap kaum wanita jroning urip omah-omah. Konsep ajaran sing awangun deskripsi sifat, watak, prilaku istri Arjuna supaya dadi conto lan dituladhani déning kaum wanita. Istri Arjuna sing djadi perlambang yakuwi Sumbadra, Manuhara, Ulupi, Gandawati, Srikandi, Manikarja, Maeswara, Rarasati lan Sulastri. 7.Serat Dumbasawala Serat Dumbasawala isi ajaran utawa pesen sing dikarepaké dadi tuladha déning warga kraton Surakarta wektu semana. Isi pesen iku utamané ing babagan kepahlawanan (kaprajuritan), Etika ( tingkah laku ), religiusitas (ketuhanan ) lan sosial. Jlentrehe Tembang Macapat Maskumambang Maskumambang iku tembang macapat kang dadi pralambang jaman wong lanang lagi mrambat dewasa, ing mangsa nalika seka bocah nuju dadi manungsa kang katon ing tengahing bebrayan. Tembung maskumambang iku sesambungan antarane emas lan kumambang. Ana kang nganggep yen Maskumambang iku tembange wong lanang, dene yen wadon iku Kinanthi. Watak tembang iki, umume isine kaya wong kang lagi sambat lara, ketula-tula, lan sengsara. Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis Sambaté mlas arsa Luhnya marawayan mili Gung tinamêng astanira Mijil Mijil iku artine lair utawa metu. Ing jajaran tembang Macapat, Mijil umume diselehke ing ngarep. Saben pada, tembang iki ana enem gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu : Mijil ing donya siniwi ratri Kabeh durung katon Amung anjali soca ing tembé Lelaku alon siniji-siji Nunggu mring wartaning Sesotya satuhu Sinom Yen dijupuk arti wantah, sinom maknane godhong asem sing isih enom. Ing Macapat, sinom nduwe sipat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya. Tuladha § Tuladha 1 Ing pojok wetan sang surya Nyungging sinom dadi peni Kagubet embun rumeksa Dening Hyang Murbeng Dumadi Raga jiniret ati Seka perbawaning esuk Manuksma suluk angga Kang wang-sinawang mranani Tibane prana sarwa sulih prasaja § Tuladha 2 Amenangi jaman édan Éwuh aya ing pambudi Milu édan nora tahan Yèn tan milu anglakoni Boya kaduman melik Kaliren wekasanipun Ndilalah karsa Allah Begja-begjané kang lali Luwih begja kang éling lawan waspada Saka Serat Kalatidha anggitan Ki Ranggawarsita. Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume dienggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Ana uga kang nggandhengake kinanthi klawan Maskumambang. Yen maskumambang kanggo wong lanang kang lagi dewasa, kinanthi kanggo wanita. Tuladha 1 Anoman mlumpat sampun praptêng witing nagasari mulat mangandhap katingal wanodyâju kuru aking gelung rusak awor kisma ingkang iga-iga kêksi (Saka Serat Rama Kawi déning Kyai Yasadipura) Tuladha liya Pitik tulak pitik tukung Tetulake Jabang bayi Ngedohaken cacing racak Sarap sawane sumingkir Si tulak manggung ing ngarso Si Tukung ngadhangi margi Asmaradana Asmaradana utawa Asmarandana iku sawijining jinis tembang macapat. Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna. Gegaraning wong akrami Dudu bandha dudu rupa Amung ati pawitané Luput pisan kena pisan Lamun gampang luwih gampang Lamun angèl, angèl kalangkung Tan kena tinumbas arta Aja turu soré kaki Ana Déwa nganglang jagad Nyangking bokor kencanané Isine donga tetulak Sandhang kelawan pangan Yaiku bagéyanipun wong welek sabar narima GambuhGambuh iku sajinising sekar madya.Sekar gambuh ping catur Kang cinatur Polah kang kalantur Tanpo tutur katulo-tulo katali Kadaluwarso katutur Katutuh pan dadi awon Tembang Gambuh mbok menawa pancèn kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya éling marang tumindak-tumindaké. Manungsa dielingaké yènta kabèh tingkah polah manungsa iku ana akibaté. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakaké urip manungsa sing duwé patrap kaya mangkono iku Dhandhanggula Dhandhanggula iku salah sijine tembang macapat kang isine 'pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga nduwe isi kang legi kaya dene gula. Akeh pitutur kuna kang nganggo jenis iki. Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo sawijining raja ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Seka othak-athik iki banjur kinira yen tembang iki digawe nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwe arti gula. Tuladha Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa sira anuladha, duk ing uni caritane, andelira sang prabu, Sasrabahu ing Maespati, aran patih Suwanda, lelabuhanipun, kang ginelung tri prakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama Durma Durma iku salah sijine tembang macapat kang nduwe watak galak. Ana kalane uga Durma ngemu kahanan kang serem lan marai wedi. Durma klebu tembang kang wingit. Tuladha Kae manungsa golek upa angkara Sesingidan mawuni ngGawa bandha donya mBuwang rasa agama Nyingkiri sesanti ati Tan wedi dosa Tan eling bakal mati Pangkur Pangkur iku salah sijine tembang macapat kang nduwe watak munggah ndhuwur. Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akeh maneka warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antara liya: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyane. Pranata Praja Jawa Kuna Ing naskah-naskah kuna sing nganggo basa Kawi, pangkur iku salah sijine pranata paja ing jaman Jawa Kuna. Pangkur, tawan, lan tirip iku kalebu mangilala drawya haji kang ora entuk mlebu ing tlatah kang dadi sima. Dinuga dening para arkeolog, yen mangilala drawya haji iku pranata praja kang tinugasan ngurusi pajek. Istilah “Pangkur” uga tinemu ing bab-bab kang ora megepokan karo tembang, Tuladhane: Desa ing Tumapel Yen dideleng ing crita Ken Arok utawa Ken Angrok, ana desa kang dadi asale Ken Endok, yaiku desa Pangkur. Ing desa iki Ken Arok nglakoni jaman cilike. Tumpeng Ana salah sijine tumpeng kang sinebut Tumpeng Pangkur. Tumpeng iki digawe yen ana jaka (wong lanang durung nikah) mati. Tumpeng kuwi banjur digawa menyang kuburan. Sekar Pangkur kang winarna lelabuhan kang kanggo wong aurip ala lan becik puniku prayoga kawruhana adat waton puniku dipun kadulu miwa ingkang tatakrama den keesthi siyang ratri Megatruh Megatruh utawa Dudukwuluh iku kalebu tembang sekar madya. Wateké prihatin lan getun pungun-pungun (Indonesia "rasa sakit hati karena rindu") . Tuladha iki dijupuk saka Babad Tanah Jawi anggitan Ki Yasadipura. sigra milir kang gèthèk sinangga bajul kawan dasa kang njagèni ing ngarsa miwah ing pungkur tanapi ing kanan kéring kang gèthèk lampahnya alon Johannes Jacobus Ras, 1982, Inleiding tot het modern Javaans. ’s-Gravenhage: Nijhoff. ISBN 90-247-6167-x, (Kaca 314-315). Pucung Pucung (ana kalane tinulis pocung) iku tembang macapat kang ngelingke marang pepati. Pucung cedhak karo tembung pocong. Kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon, pucung dienggo tembang kang bisa ngelingake marang manungsa yen urip ing ndonya ana pungkasane. Ananging Pucung uga nduwe watak liya. Pucung iku jenenge wiji woh-wohan. Wanda cung uga marai gawe rasa seger kang ngelingake marang perkara kang lucu kaya dene isih jaman dikuncung. Tembang iki asring dienggo tembang-tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa bedhekan. Tuladha Ngelmu iku kelakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani setya budya pangekesing dur angkara Jurudemung Jurudemung iku kalebu tembang sekar madya. Wateké prenèsan lan biyasané dienggo tembang wangsalan utawa sing rada érotis. Tuladha iki dijupuk saka Serat Pranacitra ni ajeng mring gandhok wétan wus panggih lan Rara Mendut alon wijilé kang wuwus hèh Mendut pamintanira adhedhasar adol bungkus wus katur sarta kalilan déning jeng kyai Tumenggung. Wirangrong Wirangrong iku kalebu tembang sekar madya. Wateké mrabu lan mrabawa. Tembang iki biyasa dienggo nembangaké prakara-prakara sing gagah. Tuladha iki dijupuk saka Serat Wulang Rèh anggitan dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV. dèn samya marsudêng budi wiwéka dipunwaspaos aja-dumèh-dumèh bisa muwus yèn tan pantes ugi sanadyan mung sakecap yèn tan pantes prenahira Balabak Balabak iku kalebu tembang sekar madya. Wateké sakepénaké lan parikena. Tuladha iki dijupuk saka Serat Jaka Lodhang anggitan Ki Ranggawarsita. byar rahina Kèn Rara wus maring sendhang mamèt wé turut marga nyambi reramban janganan antuké praptêng wisma wusing nyapu atetebah jogané Sumber: Johannes Jacobus Ras, 1982, Inleiding tot het modern Javaans. ’s-Gravenhage: Nijhoff. ISBN 90-247-6167-x, (Kaca 314). Lampiran: Titilaras lan Cakepan tembang Macapat Tembang dolananTembang dolanan iku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit. Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.Tuladhane Tembang Dolanan: Sluku-Sluku Bathok Sluku-sluku bathok Bathoke ela-elo Si Rama menyang Sala Oleh-olehe payung motha Mak jenthit lolo lobah Wong mati ora obah Nek obah medeni bocah Nek urip goleka dhuwit. Cublak-Cublak Suweng cublak cublak suweng suwenge ting gelenter mambu ketundung gudel pak empong lera-lere sopo ngguyu ndelikkake sir sir pong dhele gosong sir sir pong dhele gosong Jaranan jaranan-jaranan… jarane jaran teji sing numpak ndara bei sing ngiring para mantri jeg jeg nong..jeg jeg gung prok prok turut lurung gedebug krincing gedebug krincing prok prok gedebug jedher Jamuran Jamuran jamuran ya ge ge thok jamur apa ya ge ge thok Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung sira badhe jamur apa? Pitik Tukung Aku duwe pitik, pitik tukung saben dina, tak pakani jagung petok gogok petok petok ngendhog siji tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu Padang Mbulan Yo, para kanca dolanan ning njaba Padang mbulan, padange kaya rina Rembulane sing ngawe-awe Ngelingake aja pada turu sore Pelem-Pelem Mentah Pelem-pelem mentah Entek entek no entek entek no Sisane sang gatut koco Gatutkoco edan gatotkoco edan Omahe plek emplekan Kidul kidul kono kidul kidul kono Ono lintang galo galo Dak sumpingi opo dak sumpingi opo Dak sumpingi godhong telo Ela elo eno Paman Tukang Kayu Paman tukang kayu Pripun solahdhiko graji kayu Srok drung drung srok pung Srok drung drung srok gung Paman tukang kayu Pripun solahdhiko natah kayu Tek dung dung tek pung Tek dung dung tek gung Paman tukang kayu Pripun solahdhiko masah kayu Srek dung dung srek pung Srek dung dung srek gung Paman tukang kayu Pripun solahdhiko maku kayu Tok dung dung tok pung Tok dung dung tok gung Paman tukang kayu Pripun solandhiko ngethok kayu Tok dung dung tok pung Tok dung dung tok gung Paman tukang kayu Pripun solahdhiko nggorok kayu Srek drung drung srek pung Srek drung drung srek gung Srek drung drung srek pung Srek drung drung srek gung Padhang Rembulan Ayo ayo dha dolanan ing plataran Padang rembulan padange kaya rina Padang gumilang sing dolan ora ana Bocah dolan bocah dolan dha renea Ayo para kanca ayo padha suka-suka Dolanan jogetan tetembangan ing plataran Kupu Kuwi Kupu kuwi tak incupe Munglakumu ngewohake Ngalor ngidul ngetan bali ngulon Mrono mrene mung sak paran-paran Sapa bisa ngincupake Mentas menclok clegrok Banjur mabur bleber Kroto-Kroto Kroto-kroto pentile mlinjo Mlinjo dadi omah gedong pinggir kali Parenda parendi parenda parendi Abang koyo dubang putih koyo utih Manuk glatik kelire alus dadane Sentak sentik ambegane Sentak sentik ambegane Kidang Talun Kidang talun mangan kacang talun Mil ketemil mil ketemil Si kidang mangan lembayung Tikus siji duwe anak siji Cicit cuwit cicit cuwit Si tikus mangani pari Gajah belang seko tanah sebrang Si gajah kecemplung blumbang Kembang Jagung Kembang jagung omah kampung pinggir lurung Jejer telu sing tengah bakal omah ku …… munggah guwo mudun …… Metik kembang soko dicaoske kanjeng romo Maju kowe tatu mundur kowe ajur Jokno sak balamu ora wedi sundukanmu Iki lho dhadha satriya Iki lho dhadha janaka Jago Kate Jago kate tetete kukuruyuk_kok…….. Dibalang watu uncag-uncug_keok Keno telihe doh layune_jrantal Mari umuk mari ngece Si kate katone nyekungkung Buto-Buto Galak Buto-buto galak solahe lonjak-lonjak Ngadek sigrak-sigrak Nyandak punco nuli tanjak Bali ngadek maneh rupane ting celoneh Kuwi buron opo tak sengguh buron kang aneh Lawong kowe sing marah-marahi Lawong kowe we we we sing marah-marahi Rupamu kok ngono hi… hi… aku wedi Ayo konco podo bali Galo kae galo kae Rupane terak-terok rok … rok … rok… rok … Matane plerak-plerok rok … rok … rok… rok … Yo kulite ambengkerok Esuk esuk Esuk-esuk srengengene lagi metu_ sibu Nyuwun pengestu kang putra bade sinau_sibu ** Esuk-esuk srengengene lagi metu_ sibu Nyuwun pengestu kang putra bade sinau_sibu Awan-awan srengengene eneng tengah_simbah Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah_simbah ** Awan-awan srengengene eneng tengah_simbah Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah_simbah Sore –sore sianu ono ing sabak_bapak Biblak sodo wis gemletak njroneng kotak_bapak ** Sore –sore sinau ono ing sabak_bapak Biblak sodo wis gemletak njroneng kotak_bapak Kodok Ngorek Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali teyot teblung teyot teblung teyot teyot teblung Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo Kate Dipanah Te kate dipanah dipanah ngisor gelagah ana manuk onde-onde mbok sirbombbrok, mbok si kate mbok sirbombbrok, mbok si kate mbok sirbombbrok, mbok si kate Lir Ilir Lir ilir, lir ilir, tandure wus sumilir tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi Lunyu lunyu yo peneken kanggo mbasuh dodo tiro dodo tiro kumitir bedah ing pinggir Dondomana j'rumatana kanggo seba mengko sore mumpung padang rembulane, mumpung jembar kalangane.yo surako surak hiyo. Gundhul-Gundhul Pacul Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan wakul ngglimpang, segane dadi sak latar wakul ngglimpang, segane dadi sak latar Menthok-Menthok Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu, angisin-isini mbok yo ojo ngetok, ono kandhang wae enak-enak ngorok, ora nyambut gawe menthok, menthok ... mung lakukumu megal megol gawe guyu Gambang Suling Gambang suling, ngumandhang swarane tulat tulit, kepenak unine uuuunine.. mung..nreyuhake ba- reng lan kentrung ke- tipung suling, sigrak kendhangane Geguritan (Puisi Jawa Gagrag Anyar) Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Mula, ana sing ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung ‘geguritan’ asale saka tembung ‘gurita. Tembung ‘gurita’ owah-owahan saka tembung ‘gerita’. Tembung ‘gerita’ linggane ‘gita’, tegese ‘tembang utawa syair’. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang warna-warna wujud dhapukane. Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung warna-warna araning geguritan, kaya ta: 1. Syair rong gatra sapada (gita dwigatra) Pangajab Atimu kang wingit mara selehna ing dhadhaku, atimu kang wengis mara tumpangna ing tanganku. Priya kang tansah ngulandara mara nyedhaka, ing tanganku tumetes anyesing banyu sih sutresna. Angin bengi angining pangayoman, mara nyedhaka ing samubarang tumandukmu. Priya kang tansah ngulandara, ing kene ana halte pungkasan. (Napsiah Sastrasiswaja, Djaja Baja: XVIII No. 28, 16) 2. Syair telung gatra sapada (gita trigatra) Anak Kemandhange kaluwarga kang ngasri bawana klawan warna rupa bedhekan. Iya berkah paringe pangeran tali-talining karep lan katresnan kang nyancang marang alam kasunyatan. (St. Iesmaniasita, Mekarsari: XI No. 16, 1967) 3. Syair patang gatra sapada (gita catur gatra) Wengi nganti adoh parane kasepen nggilet donya, dikembangi sunare rembulan tanggal tuwa, dumelung nglangut asu mbaung, wengine sangsaya liwung. (Eddy D.D., Djaja Baja XVIII, 1964:16) 4. Syair limang gatra sapada (gita panca gatra) Lintang-lintang lintang-lintang abyor ing tawang cumlorot sliweran nalika alihan kumleyang mencok ing socamu asihku cahyane gumebyar sunare gilar-gilar ing telenge atimu sliramu tansah dakantu lintang-lintang alihan cumlorot telu ana pundhakku kawitan lintang abang lintang perang kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan (Suharmono, Jaya Baya. XXXI, 1977:26) 5. Syair nem gatra sapada (gita sadgatra) Tresnaku marang Dasih Sanadyan kaya ngapa kerut samirana kabuncang ing pangumbara semine pucuk-pucuk mlathi tansah dakanti awan bengi kanthi donga panyuwun marang rama ibu lan Gusti (Trilaksita, Djaja Baja. XIX No. 42:24) 6. Syair pitung gatra sapada (gita sapta gatra) Tapel Wates Apa bakal kokpasrahake jembaring dhadhamu, pinangka wedaling tresna, urip rak mung sak mampir ngombe, ana janji-janji sing durung tinebus bali, putihing mlathi lan wengi biruning tresna lan ati, sarta kijinging nini-nini (Trim Sutidjo, Djaja Baja. XIX No 4:24) 7. Syair wolung gatra sapada (gita hastha gatra) Ing Sihing Gusti Mitra aja uwas atimu, nadyan neng tepining jurang, weteng-wetyeng sing muntir ora dipikir, ati ngedhap ngelingi urip sesuk, lan saya badhege jaman edan, sokna atimu mitra! ing sihing Gusti ing sihing Gusti (Soejono, Djaja Baja. XIX No. 27, 1965:24) 8. Syair sangang gatra sapada (gita nawa gatra) Jakathole Aku iki pangumbara saka sabrang kidul, ing Madura ngupaya lurung agung, tumuju marang jangka sejarah, klawan jangkah angarah candhi madu repolusi, aku iki turunmu tunggal bumi o, Jakathole pecutmu nggugah semangat, siniram amis getih papa anjerit kataman duhkita, Jakathole, aku antuk waris teguhing jiwamu, arep dakbektekake marang nusa bangsa. (Anie Soemarno, Djaja Baja. XIX No. 4:24) 9. Syair dhapur sonata Kawruh Saliring kodrat kang tinon mripat, Apa dene kang tan kasat mata, Kabeh tumindak miturut sipat, Garis angger-anggering jagad raya. Wit lumrahing janma neng jagad, Tan sepi anane para sarjana, Rina lan wengi tan kendhat-kendhat, Marsudi angering tribawana. Sarana pakarti lawan samadi, Sanityasa ngetog mangulir budi, Wohing pamardi tinatata titi. Ginelar ing kandha sarwa teteh, Murih gampang katampa akeh, Murakabi uripe janma kabeh. (Intojo, Kejawen. XVI, 1941) Supitan Bali Ombak kocak kimplak-kimplak prau layer milir alon alesu nangkodha gita agiyak-giyak lelagon lagu seru keprungu Plampung kampul kompal-kampul pindha anak lunjak-lunjak suka surak girang gumuyu weruh bapak mbopong iwak Lampu-lampu menara kelap-kelip Netrane Raden Bantrang Dewi Surati Laut iki supitan Bali Watese tanah Jawa Bali Laut iki supitan Bali patemone kabudayan Jawa Bali (Prijanggana, Djaja Baja. XVIII No. 18: 15) 10. Syair/Geguritan bebas Cobaning Urip Jroning urip aku nate ngalami lelakon kang gawe ngunguning ati Ana sawijining paraga temene aku ora nate kandha uga ora nulak sihing sapadha-padha nanging ya gene ora kuwawa nampa Isining ati kawedharake marang aku sawiji apa aku ora andarbeni rasa nyawiji aku ora ngerti . . . . Apa dadine kanyatan ora marengake lan aku tansah percaya yen kuwi mung sawenehing coba Urip kuwi mung saderma dadi pelaku ing madyapada. (Cece atmaja, Panjebar Semangat. XLIII No 34:14) Ewone Kasusastran Liyane Paribasan; Bebasan, Saloka Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe. Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake. Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene Abag-abang lambe = guneme mung lamis Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget) Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang Asu marani gebug = njarag bebaya Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa) Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab Wangsalan Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kaya dene cangkriman utawa tebakan. Tembung ‘wangsalan’ nunggal teges karo ‘wangsulan’. Ing sajroning wangsalan ngemu unen-unen, lan unen-unen iku mbutuhake wangsulan minangka batangane. Wangsalan ana kang kaprah lan tinemu ing paguneman padinan lan mengku karep tartemtu, tur saben wong ngerti karepe. Yen ana wong muni: ‘Eh, bocah cilik mono aja ngroko cendhak’, sing diajak guneman ngerti, karepe ‘aja neges-neges’, rokok cendhak iku tegesan. Ana wong martamu, sing duwe omah mbagekake karo celathu: ‘E, njanur gunung temen!’, karepe ‘kadingaren’. “Janur gunung” bedhekane “janur aren”. Ana bocah ngaku-aku duweking liyan, banjur disendhu: ‘E, aja ngedom kreteg!’. “Dom kreteg’ iku ‘paku’. Wangsalan uga akeh tinemu ing kasusastran, lumrahe rinakit ing basa pinathok tur rinengga. Ana uga kang sinawung ing tembang Macapat. Ing seni karawitan sok kanggo umpak-umpak ing gendhing. Tuladhane: 1. Wangsalan padinan Isih enom kok njangan gori. (jangan gori = gudheg) Ditakoni malah ngembang suruh. (kembang suruh=drenges) We, kok banjur ngewoh kesambi. (who kesambi=kucacil) 2. Wangsalan kang rinacik ukara Ayam wana, ywa nasar tindak dursila. (bekisar) Balung janur, nyata sira mangka usada. (sada) Balung klapa, ethok-ethok ora priksa. (bathok) Balung ula, dakgagas gawe rekasa. (gragasan) 3. Wangsalan kang dumadi saka rong ukara utawa rong gatra. Gatra kapisan minangka wangsalan (cangkriman), ukara kapindho minangka bedhekane utawa wangsulane. Tuladha: Gentha dara, ari Senen basa kuna. (sawangan; Soma) Sawangane, narima asrah ing jiwa. Ancur kaca, kaca kocak munggwing netra. (banyu rasa; tesmak) Den rinasa, tindak mamak tan prayoga. Ari Sena, Sena gelung minagkara. (Arjuna; Wrekodara) Puji arja, mrih antuk sihing bandara. 4. Wangsalan sinawung ing tembang Sinom Jamang wakul Kamandaka, kawengku ing jinem wangi, kayu malang munggeng wangan, sun wota sabudineki, roning kacang wak mami, yen tan panggih sira nglayung, toya mijil sing wiyat, roning pisang leash ing wit, edanira tan waras dening usada. (Babad Pasir: IV.4) Kinanthi Sastra pangandheging kidung, sudarma Basudewaji, ngestu pada mring kusuma, manjanma ping sakethi, pusara pangiket gangsa, tumutur tan sedya kari. (Mangkunagara IV, Manuhara: II, 11) Sengkalan “Miyarsakna trus ingkang sabda narendra”. (Mangkunagara IV, Serat Candrarini) Ukara “miyarsakna trus ingkang sabda narendra” lumrah kasebut sengkalan. Ukara iku ngemu teges angkaning taun Jawa, yaiku taun 1792. Unen-unen kang awujud ukara lan ngemu teges angkaning taun diarani sengkalan. Yen nglacak bab pangerten lan sejarahe istilah sengkalan ing wektu iki wis ora cundhuk. Nanging wis dadi pangerten mangkono. Angkaning taun kang awujud racikaning ukara lan ngemu teges angkaning taun sinebut sengkalan. Bibit kawit anane sengkalan nalika wong migunakake petungan taun Saka, kang wiwite taun 78 Masehi. Sawise taun Saka jumedhul petungan anyar, ana kang ngarani taun Jawa. Mula tembung sengkalan sakawit ateges wektu Saka, karepe Taun Saka. Tembung ‘saka kala’ dadi ‘sengkalan’. Sabanjure ora mung taun Jawa kang padha dipigunakake ing urip bebrayan. Kajaba taun Jawa uga ana taun Masehi. Taun Jawa alandhesan ubenge rembulan, mula banjur ana sengkalan kang senebut Candrasangkala. Taun Masehi alandhesan ubenge srengenge, mula banjur tuwuh sengkalan kang sinebut Suryasangkala. Awit ajuning karya seni, luwih-luwih seni lukis, sengkalan diwujudake lukisan, gegambaran, utawa pepethan.Lukisan, gambaranm utawa pepethan iku kena karacik dadi unen-unen kang awujud ukara lan kena diothak-athik tegese salaras karo ancas tujuane, sarta mengku karep angkaning taun. Sengkalan kang mangkono iku diarani sangkala petha. Sarehne panyurasane ora gampang, kudu memet anggone mikir, mula banjur karan sengkalan memet. Sengkalan kang awujud ukara lan lamba diarani sengkalan lamba. Sengkalan lamba lumrahe tinemu ing layang-layang, kadhangkala kamot ing yayasan minangka pengetan. Sengkalan memet kamot ing yayasan. Nyurasa angkaning taun ora gampang. Paugeran kang maton kena diarani ora ana. Mung wae adhedhasar tata cara lan adapt sastra kang wis digarap dening para sastrawan lan pujangga, banjur tuwuh uga anane paugerankang kena kanggo ancer-ancer nyurasa teges lan kareping tembung. Yen arep negesi angkaning taun kudu ngerti ajining tembung. Ajining tembung ing sengkalan diarani ‘watek’, kalanture dadi ‘watak’. Tembung watek sakawit asal saka Jawa kuna, tegese ‘golongan’. Wis salah kaprah tembung ‘watak’ nunggal surasa karo tembung ‘watak’ kang lumrah dianggo sadina-dina. Umpamane watak wong, wataking bocah. Nanging ing sengkalan becik kasurasa sarana tegese ‘ajining angka’, kapirid saka surasaning tembung. Para ahli sastra lan kabudayan Jawa ana kang wis ngracik layang kang ngemot paugeran bab sengkalan, yaiku layang kang dianggit asesirah Serat Sengkalan Lamba lan Memet, karangane K.M. Sasrasumarta kang alandhesan Serat Candrasangkalan karyane R.Ng. Ranggawarsita. Serat Candrasangkala karangane Raden Bratakesawa, weton Bale Pustaka 1952. Sanepa Sanepa yaiku unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa tetandhinga lan duwe teges mbangetake kanthi nyurasa teges kosok baline. Sanepa: “tatune arang kranjang” karepe tatu iku kaya bolonganing kranjang. Mangka bolonganing kranjang iku yen dideleng, sing bolong lan sing ora bolong akeh bolongane. Unen-unen iku nyanepani: ‘tatu sing kerep banget’. Tuladha liya: Ambune arum jamban. (benger banget, karo jamban isih arum ambuning jamban) Balunge atos gedebog. (mbedhel banget, empuk banget) Cahyane abang dluwang. (pucet banget) Eseme pait madu. (manis banget) Kawruhe jero tapak meri. (cethek banget) Polahe anteng kitiran (montang-manting) Rasane legi bratawali. (pait banget) Rembuge peret beton. (lunyu banget) Suwe mijet wohing ranti. (sedhela banget) Purwakanthi Purwakanthi memper tegese karo sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan jenenging purwakanthi uga ora akeh, yaiku: purwakanthi guru swara, manawa kang runtut swarane (lumrahe swara aksara menga/vokal); purwakanthi guru sastra, manawa kang runtut aksarane; purwakanthi guru basa lan purwakanthi lumaksita. Utawa isih akeh istilah liya kanggo tetenger araning purwakanthi: 1. Purwakanthi guru sastra tata titi tentrem (sastra t) kala kula kelas kalih (sastra k, l) Suma Sumi lan Sumarni (sastra s, m) tuwa-tuwa tuwas tiwas (sastra t, w) waras wiris wareg (sastra w, r) sluman slumun slamet (sastra s, l) rasa risi rumasuk ati (sastra r, s) asah asih asuh (sastra a, s, h) 2. Purwakanthi guru swara sumi lan surati (swara i) gajah nguntal srangkah (swara ah) ya judheg ya buneg (swara eg) ya bungah ya susah (swara ah) wong wedok kecenthok-centhok (swara ok) 3. Purwakanthi guru wanda anak anung anindita (wanda a) kadang katut (wanda ka) bas basuki (wanda ba) kadang kadean (wanda ka) sugih singgih (wanda gih) criwis cawis (wanda wis) entek entung (wanda en) bandha bandhu (wanda ban) tandang tanduk (wanda tan) rigen mugen tegen (wanda gen) 4. Purwakanthi lumaksita Urip iki ora angel, angele sok ginawe dhewe, dheweke tan ngrasa bisa, bisane mung nyadhong dhawuh, dhawuhe Kang Murba Amasesa. Ngelmu iku luwih pangaji, ajine datanpa tandhing,tandhingna bandha lan arta, arta iku gampang sirna, sirnane tan petung wektu, wektune ilang saben mangsa,mangsa iku gunakna ngupadi ngelmu. 5. Kajaba iku uga bisa migunakake istilah: purwakanthi purwawanda, purwakanthi madyawanda, wasanawanda, purwagatra, wasanagatra, lan sapanunggalane. Parikan Tembung ‘parikan’ ana gandheng cenenge karo tembung ‘pari’. Ing basa Melayu ana rumpakan kanga ran ‘pantun’. Racikan lan paugerane memper utawa meh padha karo rumpakan kang kasebut ‘pantun’. Ing rumpakan pantun ana gatra sampiran, yaiku gatra kapisan lan kapindho. Isi kandhutaning rumpakan tinemu ing gatra katelu lan kapapat. Rumpakan kang diarani Parikan ngemu paugeran kaya Pantun ing basa Melayu. Kanthi ringkes, parikan iku ngemu paugeran: a. parikan sapada kadaden saka patang gatra b. purwakanthine a b a b c. gatra kapisan lan kapindho minangka sampiran, gatra katelu lan kapat isining parikan Parikan akeh tinemu ing: seni karawitan, seni sastra, la nana uga kang tinemu ing basa padinan. Panyandra Panyandra yaiku unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges memper. Tetandhingan iku lumereg marang ‘kaendahan’. Kang dicandra bab becike lan mengku karep ‘ngalem kaendahane’. Tuladha: Alise nanggal sepisan. Athi-athine ngudhup turi. Bangkekane nawon kemit. bathuke nyela cendhani. Drijine mucuk eri. Dedege ngringin sungsang. Cangkriman Cangkriman yaiku unen-unen kang rinacik ing tembung kang tumata, surasa utawa isine ngemu teges kang dudu dibadhe. Cangkriman uga kasebut ‘badhean’ utawa ‘bedhekan’. Ing sawatara panggonan sok kasebut ‘capean’. Racikaning cangkriman ana kang dhapur ukara lumrah, ana kang sinawung ing tembang. Wujud lan dhapukaning cangkriman kabedakake: a. cangkriman kang dhapur rerakitaning tembung wancahan. b. Cangkriman kang dhapur rakitaning ukara kang ngemu surasa irib-iriban utawa pepindhan. c. Cangkriman kang surasa blenderan utawa teges plesetan. Tuladhane: Wiwawite lesbadhonge = uwi dawa wite, tales amba godhonge Pak bomba, pak lawa, pak piut = tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciyut Pak boletus = tapak kebo isi lele satus Gajah nguntal sangkrah = luweng Pitik walik saba kebon = nanas Pitik walik saba amben = kemucing, sulak Sawah rong kedhok galengane mung sithok = godhong gedhang Sega sakepel dirubungi tinggi = salak Ana titah, duwe gulu tanpa sirah. Duwe silit nanging ora tau bebuwang. Sapa kuwi? (gendul) Ana kewan mapane ing alas. Saben wong mesthi wedi. Bareng digendhong dening manungsa, kewan iku ora medeni maneh, lan ora duwe upas, ora nyakot manungsa. Apa arane kewan iku? Isbat Isbat yaiku unen-unen kang ajeg panganggone lan mawa surasa tartamtu. Isbat awujud racikaning tembung kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan ngemu ‘pasemon’. Tembung ‘isbat’ tegese ‘katetepan’. Isbat saemper paribasan, tegese lumereg marang filsafat? [mbokmenawa luwih trep 'falsafah'] lan pasemon. Lumrahe dianggo istilah, konsep, utawa kredho ing ngelmu tasawuf, makripat, filsafat/falsafah kejawen, utawa idheologi ‘sangkan paran’. Tuladha: golek banyu apepikulan warih Golek geni adedamar. Kodhok ngemuli lenge. Nggoleki galihing kangkung. Nggoleki isining bumbung wungwang. Nggoleki susuhing angin. Nggoleki tapaking kuntul nglayang. Nggoleki wekasaning langit. Isih ana maneh ewone kasusastran jawa sing bisa diwaos ing buku Ngengrengan Kasusastran Jawa, kang dianggit dening: S. Padmosoekotjo, Penerbit Hien Hoo Sing, Djogdja, 1955. |