Tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa bae kang kaanggep barang yaiku…

Adhedasar jinise, tembung basa Jawa bisa dibedakake dadi sepuluh, yaiku (1) aran, (2) kriya, (3) sifat, (4) katrangan, (5) sesulih, (6) wilangan, (7) panggandheng, (8) ancer-ancer, (9) panyilah, lan (10) panyeru.

1)         Tembung aran

     Tembung aran utawa kata benda (nomina) yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa wae kang kaanggep barang.

Tuladha: manggis, watu, gunung, kucing, wedhus, sapi,

2)         Tembung kriya

     Tembung kriya utawa kata kerja (verba) yaiku tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe (verba tindakan). Tembung kriya uga bisa ngemu teges lumakuning kaanan (verba proses). Tembung kriya kang mratelakake tandang gawe upamane mbalang, nendhang, njiwit, lan nyuwil. Wondene tembung kriya kang mratelakake lumakuning kahanan upamane mecah, mbledhos, thukul, kempes, lan njeblug.

3)         Tembung sifat

     Tembung sifat utawa kata sifat (adjektiva) yaiku tembung kang bisa mratelakake kaanan utawa watak sawijining barang utawa bab.

-       Tuladha tembung sifat kang mratelakake kaanan: mlarat, sugih, sengsara, mulya, beja, lan cilaka.

-       Tuladha tembung sifat kang mratelakake watak: drengki, srei, jail, bombongan, ugungan.

4)         Tembung katrangan

     Tembung katrangan utawa kata keterangan (adverbial) yaiku tembung kang aweh katrangan marang tembung liya. Tembung katrangan iki bisa nerangake tembung aran, kriya, sifat (watak/kahanan), wilangan lan bisa uga nerangake tembung katrangan

Tuladha: arep, durung, arang, kerep, rada, isih, padha, tansah, paling, bisa, uga, mung, lsp

5)         Tembung sesulih

     Tembung sesulih utawa kata ganti (pronominal) yaiku tembung kang digunakake minangka sesulih uwong, barang, utawa apa bae kang dianggep barang.

Tuladha: aku, kowe, dheweke, kowe kabeh,  dak-, -ku, kok-, iki, iku, kuwi, kono, ngene, apa, sapa, kapan, pira, sing, sawijining, lsp

Panganggone tembung-tembung kasebut ing ukara katon kaya tuladha ing ngisor iki.

  1. Aku lunga menyang Salatiga.
  2. Wis dakpenging malah tetep nekat.
  3. Sega kuwi wis mambu, aja dipangan lo.
  4. Kapan panjenengan rawuh, mas?

6)         Tembung wilangan

     Tembung wilangan utawa kata bilangan (numeralia) yaiku tembung kang mratelakake gunggunge utawa cacahe barang. Tembung wilangan iki bisa kanggo ngetung gunggunge uwong, barang, kewan, lan sawijining bab.

Tuladha: siji, loro, telu, sepuluh, satus, sayuta, seprapat, saprotelon, sejinah, sapasar, setangkep, salirang, satundhun, lsp.

7)         Tembung panggandheng

     Tembung panggandheng utawa kata sambung (konjungsi) yaiku tembung kang gunane kanggo nggandhengake ukara siji lan ukara liyane murih ukara dadi tambah dawa.

Tuladha: sawise, sadurunge, wiwit, rikala, lan, yen, mula, saba, jalaran, lsp.

8)         Tembung ancer-ancer

     Tembung ancer-ancer utawa kata depan (preposisi) yaiku tembung kang gunane kanggo ngancer-anceri papan utawa ngancer-anceri tembung aran. Tembung ancer-ancer iki tansah mapan ing ngarep (sisih kiwane tembung aran utawa tembung sifat.

Tuladhaning tembung ancer-ancer: ing, enyang, saka kanggo, marang, dening, wiwit, karo, mawa, kaya, minangka, amrih, supaya, nganti, lsp.

Panganggone tembung-tembung kasebut ing ukara katon kaya tuladha ing ngisor iki.

  1. Wong kuwi asli saka Blora dudu saka Brebes.
  2. Minggu ngarep aku arep menyang Salatiga.

9)         Tembung panyilah

     Tembung panyilah utawa kata sandang (artikula) yaiku tembung kang dienggo nyilahake patrap, barang, utawa swijining bab. Tembung panyilah padatan sumambung karo tembung aran. Tembung panyilah tansah dumunung ing sisih kiwaning tembung kang disilahi lan tembung iki gunggunge mung winates. Kang kalebu tembung panyilah yaiku si, sang, sri, ingkang, kang, sing, lan para.

Panganggone tembung-tembung kasebut ing ukara katon kaya tuladha ing ngisor iki.

  1. Punapa ingkang rama wonten dalem, mbak?
  2. Para tamu kula aturi jumeneng sawetawis.

10)     Tembung panyeru

        Tembung panyeru utawa kata seru (interjeksi) yaiku tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, kaget, kuciwa, susah, lan gumun. Tembung iki tansah ndhisiki ukara lan bisa madeg dhewe. Kang kalebu tembung panyeru yaiku adhuh, ah, he, lho, lha, o, oh, nah, wah, hah, heh, huh, hi, sokur, hore, iyung, walah, tobat, eman, halo, lsp.

     Panganggone tembung panyeru ing ukara katon kaya tuladha ing ngisor iki.

  1. Lho, dudu sing kuwi.
  2. Sokur, kowe ditinggal kanca-kancamu kabeh.
  3. Halo Dhik, piye kabare?
  4. Nah, saiki saka kene uws cetha apa durung?

Page 2

Adhedasar jinise, tembung basa Jawa bisa dibedakake dadi sepuluh, yaiku (1) aran, (2) kriya, (3) sifat, (4) katrangan, (5) sesulih, (6) w...

  Adhedhasar jinise, tembung basa Jawa bisa dibedakake dadi sepuluh, yaiku : Tembung Aran Tembung aran utawa kata benda (nomina)yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa bae kang kaanggep barang. Tembung aran akeh-akehe bisa sumambung karo tembung dudu utawa tembung ana lan ora bisa sumambung karo tembung ora. Tuladhane kaya ing ngisor iki.  …

Adhedhasar jinise, tembung basa Jawa bisa dibedakake dadi sepuluh, yaiku :

Tembung aran utawa kata benda (nomina)yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa bae kang kaanggep barang. Tembung aran akeh-akehe bisa sumambung karo tembung dudu utawa tembung ana lan ora bisa sumambung karo tembung ora. Tuladhane kaya ing ngisor iki.

Manggis     : dudu manggis

                        ana manggis

                       *ora manggis

Watu         :  dudu watu

                       ana watu

                      *ora watu

Gunung      : dudu gunung

                        ana gunung

                       *ora gunung

Tembung kriya utawa kata kerja (verba) yaiku tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe (verba tindakan) utawa mratelakake lumakuning kaanan (verba proses). Tembung kriya bisa diorakake nganggo tembung ora. Kajaba bisa diorakake, tembung kriya basa Jawa uga bisa sumambung karo tembung anggone lan olehe kaya kang katon ing tuladha ing ngisor iki.

Lunga        : ora lunga

                      anggone lunga

                      olehe lunga

Turu          : ora turu

                      anggone turu

                      olehe turu

Tembung sifat utawa kata sifat (adjektiva) kang uga sinebut tembung watak utawa kaanan (kahanan) yaiku tembung kang bisa mratelakake kaanan utawa watak sawijining barang utawa bab. Tembung sifat bisa sumandhang karo tembung luwih, rada, paling, lan banget. Tuladhane katon kaya ing ngisor iki.

Manis        : luwih manis

                      rada manis

                      paling manis

                     manis banget

Pinter      : luwih pinter

                    rada pinter

                    paling pinter

                   pinter banget

Tembung katrangan utawa kata keterangan (adverbial) yaiku tembung kang aweh katrangan marang tembung liya. Tembung katrangan iki bisa nerangake tembung aran, kriya, sifat, wilangan, lan bisa uga nerangake tembung katrangan. Tembung katrangan gunggunge mung winates kaya kang katon ing ngisor iki.

Arep                durung       kari               meneh

Arang             dudu            kerep            mesthi

Anggone       entuk           kurang          ndang

Tembung sesulih purusa utawa kata ganti (pronominal) yaiku tembung kang digunakake minangka sesulih uwong, barang, utawa apa bae kang dianggep barang.

Tembung wilangan utawa kata bilangan (numeralia) yaiku tembung kang mratelakakegunggunge barang. Tembung wilangan iki bisa kanggo ngetung gunggunge uwong, barang, kewan, lan sawijining bab. Tuladhane : siji, sajinah, satangkep, sewu, separo, lan liya-liyane.

Tembung panggandheng utawa kata sambung (konjungsi) yaiku tembung kang gunane kanggo nggandhengake ukara siji lan ukara liyane murih ukara dadi tambah dawa. Tembung panggandheng uga bisa kanggo nggandhengake tembung siji lan tembung liyane ing sawijining frasa. Kang kelebu tembung panggandheng katon kaya ing ngisor iki.

Ananging            awit                      banjur               jalaran

Janji                      kamangka          kanthi               kareben

Malahan              mangka               mula                 murih

Tembung ancer-ancer utawa kata depan (preposisi) yaiku tembung kang gunane kanggo ngancer-anceri papan utawa ngancer-anceri tembung aran. Tembung ancer-ancer iki tansah mapan ana ing ngarep (sisih kiwane) tembung aran utawa tembung sifat. Tembung ancer-ancer iki gunggunge mung winates.

Amrih           dening       dhateng      ing

Kadi               kadya         kagem         kalayan

Karo              katur           kaya             lantaran

Tembung panyilah utawa kata sandang(artikula) yaiku tembung kang dienggo nyilahake patrap, barang, utawa sawijining bab. Tembung panyilah padatan sumambung karo tembung aran. Tembung panyilah tansah dumunung ing sisih kiwane tembung kang disilahi lan tembung iki gunggue mung wintes. Kang kalebu tembung panyilah yaiku si, sang, sri, ingkang, kang, kang, sing, lan para.

  • Punapa ingkang rama wonten dalem, Mbak?
  • Si Suta lan si Soma mlaku ngidul bebarengan.
  • Sri Sultan kawentar nalendra kang wicaksana.

Tembung panyeru utawa kata seru (interjeksi) yaiku tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, rasa kaget, rasa kuciwa, rasa kagelan, rasa susah, lan rasa gumun. Tembung panyeru ana uga kang ngarani tembung lok. Tembung iki tansah dhisiki ukara lan bisa madeg dhewe. Kang kelebu tembung panyeru yaiku adhuh, ah, eh, o, oh, nah, wah, hah, heh, hus, huh, hi, sokur, hore, iyung, walah, tobat, eman, halo, lan yahud.

Sumber : Paramasastra Gagrak Anyar Basa Jawa

Dening : Mj

Video yang berhubungan

Postingan terbaru

LIHAT SEMUA